Jumat, 06 Maret 2015

Perkenalan


Postingan digawe 6 Maret 2015, wayah 17:59:29
- Kanggo pembaca...
Penampakanne Kakang Admine... wkwk... :P

Assalamualaikum kakang...
Priwe kabare, apik kabeh tha? wkwk... :D
Kiye blogku sing anyar ya... Oya perkenalan dhisit ya. Aku sing duwe blog kiye jenenge Ilham Muhammad Fajar. Aku lair neng Banyumas, 28 Februari 1999, siki aku tinggal neng kutha Purwokerto, karo ramane lan biyunge...
Oya... siki aku sekolah nang SMA Negeri 1 Purwokerto, salah sijine sekolah sing paling joss.... nang Kabupaten Banyumas. Aku njagong neng kelas X, kelas X Program Matematika lan IPA nang kelas X-MIA 7...
Nang sekolah, aku melu akeh kagiyatan lan organisasi. Aku mlebu dadi anggota Vampire Smansa (PMR'e SMA Negeri 1 Purwokerto). Aku juga dadi anggotane organisasi Rohis Ulul Albab Smansa masa jabatan 2014 purna 2015. Eh... aku uga melu OSN Astronomi, lan siki aku wis ana ing tingkat provinsi anggone lomba, yakuwe Olimpiade Sains Provinsi sing mulai tanggal 16 nganti 18 Maret 2015, ning Semarang... Semangat ya kang... wkwk :P
Uwis kang, semene dhisit ya perkenalane... Sugeng rawuh lan selamat menikmati postinganku ya kang... Hehe
- Ilham Muhammad Fajar, 6 Maret 2014 -

Tidak ada komentar:

Posting Komentar